Iklan iku
unen-unen kang paring pangerten utawa nawake barang marang wong liya. Basane
iklan kudu cekak lan gampang ditampa dening wong liya.
Jenising iklan
ana papat, yaiku :
1.    Iklan niaga
Yaiku iklan
kang isine nawake barang, sipate komersil.
Tuladha iklan
niaga:
 
  | 
   
    | 
 
 
Didol Astrea Prima ’89. 
Barang mulus, rega 4 jt, bisa
    dinyang. 
Hub 081456987222 |  | 
  
2.    Iklan penerangan
Yaiku iklan
kang isine ngabarake sawijining bab kaya lomba, seminar.
Tuladha iklan
penerangan:
Ayo
bebarengan nguri-uri Budaya Jawa!
Arep
dianakake lomba maca geguritan tingkat
SD
se kabupaten Kudus. Pendaftaran ing SD 1
Mlati
Lor, wiwit 3-10 Nopember 2010.
                                                         
3.    Iklan mini
Yaiku iklan
kang sithik.
Tuladha iklan
mini:
 
  |  | 
   
    | 
 
Dibutuhke Montir berijasah.. 
Hub 085 231 477 245. 
PT Masyaro |  | 
4.    Iklan layanan masyarakat
Yaiku iklan
kang nduweni maksud sosial ora nduweni sipat komersil, tuladhane iklan KB,
Iklan Pajak, Penanggulangan DB.
Tuladha iklan
layanan masyarakat:
Waspada Demam Berdarah!
Aja lali 3 N:
 Nutup, Nguras, Ngubur!
 Tuladha iklane :
 
 
  
  
  
  
  
  
  
  
  
  
  
  
 
 
 
 
 
Artikel keren lainnya:
 
Belum ada tanggapan untuk "Iklan"
Post a Comment